Pages - Menu

Minggu, 19 Februari 2017

Wewaler Bahasa Jawa by Aji Triono

Manungsa urip neng alam dunya iku anamung nggolet ilmu lan bekal kanggo urip neng alam akherat.Gusti Ingkang Maha Kuasa ngaripta manungsa supados ngibadah. Dene teyeng ngibadah kita kedah ngerti ilmune. Mula kita daiajarake ing guru kita sedaya tata carane ngibadah lan lelakon ing madyaning bebrayan. Kita kedah saged lelakon kang becik marang wong tuwa, sanak sedulur lan tangga teparo. Nek wonten kanca, sedulur utawa tangga teparo lagi susah kita kedah mbiyantu. Aja lali piwulang becik kang diajarake wong tuwa lan guru kita, supados kita sedaya dados manung kang migunani  kanggo liyan
Ing dalem urip kita kedah saling mbiyantu. Aja ngece wong ora duwe, sanajan kita wong kang duwe. Amargi sejatine kita sedaya iku sedulur. Mula kuwi nalika wonten wong liyan lagi susah kita kedah mbiyantu. Bandha mboten dibekta mati, ananging amalan kita kang digawa mati, Kabeh napa kang ana ing alam dunya iki kuwi titipan, kang saged ilang kapan bae. Kita kedah saged ngrawat bandha kang dados titipan Gusti.
Kabeh kang wonten ing diri iku saking Gusti, mula aja sira deksura, ngaku lewih pinter tinimbang sejene. Amargi  mesthi teksih wonten tiyang kang lewih piter saking sira. Lan sira pinter uga saking bantuan saking bapak ibu guru sira, wong tuwa, lan wong liyan. Kepinteran sira iku dudu kanggo disombongake nanging dibagekake marang liyan supados migunani ilmu sira.
Sanajan kita gadhah bentuk awak kang apik, aja pisan pisan nacat ing liyan , ora ana wong kang ora cacat. Kita karipta nggadahi kkekurangan dhewek dhewek. Aja dipadhakake wong siji karo liyane. Kita kedah saged urmati tiyang liyane lan saling kenal. Mboten kabeh manungsa saged urmati sing liyan.

Ing madyaning bebrayan kita sering dialem lan ugi dicacat dening tiyang sanes. Aja seneng yen dialem, aja sengit yen dicacat. Dene nalika kita dialem aja kelewat seneng amargi kita saged terbuai karo aleman iku. Nanging sebalike yen dicacat wong liyan kita aja sengit, dadosaken semangat kanggo mbuktikaken marang wong kuwi yen kita saged lewih apik ketibang dheweke.  Kanthi kuwi mau kita saged lelakon ing madyaning bebrayan, ngadepi lelakon wong liyan lan tetep nduweni pedoman marang Gusti Ingkang Maha Kuasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar