Manungsa
urip neng alam dunya iku anamung nggolet ilmu lan bekal kanggo urip neng alam
akherat.Gusti Ingkang Maha Kuasa ngaripta manungsa supados ngibadah. Dene
teyeng ngibadah kita kedah ngerti ilmune. Mula kita daiajarake ing guru kita
sedaya tata carane ngibadah lan lelakon ing madyaning bebrayan. Kita kedah
saged lelakon kang becik marang wong tuwa, sanak sedulur lan tangga teparo. Nek
wonten kanca, sedulur utawa tangga teparo lagi susah kita kedah mbiyantu. Aja lali
piwulang becik kang diajarake wong tuwa lan guru kita, supados kita sedaya
dados manung kang migunani kanggo liyan
Ing
dalem urip kita kedah saling mbiyantu. Aja ngece wong ora duwe, sanajan kita
wong kang duwe. Amargi sejatine kita sedaya iku sedulur. Mula kuwi nalika
wonten wong liyan lagi susah kita kedah mbiyantu. Bandha mboten dibekta mati,
ananging amalan kita kang digawa mati, Kabeh napa kang ana ing alam dunya iki
kuwi titipan, kang saged ilang kapan bae. Kita kedah saged ngrawat bandha kang
dados titipan Gusti.
Kabeh
kang wonten ing diri iku saking Gusti, mula aja sira deksura, ngaku lewih
pinter tinimbang sejene. Amargi mesthi teksih
wonten tiyang kang lewih piter saking sira. Lan sira pinter uga saking bantuan
saking bapak ibu guru sira, wong tuwa, lan wong liyan. Kepinteran sira iku dudu
kanggo disombongake nanging dibagekake marang liyan supados migunani ilmu sira.
Sanajan
kita gadhah bentuk awak kang apik, aja pisan pisan nacat ing liyan , ora ana
wong kang ora cacat. Kita karipta nggadahi kkekurangan dhewek dhewek. Aja
dipadhakake wong siji karo liyane. Kita kedah saged urmati tiyang liyane lan
saling kenal. Mboten kabeh manungsa saged urmati sing liyan.
Ing
madyaning bebrayan kita sering dialem lan ugi dicacat dening tiyang sanes. Aja
seneng yen dialem, aja sengit yen dicacat. Dene nalika kita dialem aja kelewat
seneng amargi kita saged terbuai karo aleman iku. Nanging sebalike yen dicacat
wong liyan kita aja sengit, dadosaken semangat kanggo mbuktikaken marang wong
kuwi yen kita saged lewih apik ketibang dheweke. Kanthi kuwi mau kita saged lelakon ing madyaning
bebrayan, ngadepi lelakon wong liyan lan tetep nduweni pedoman marang Gusti
Ingkang Maha Kuasa.
Belum ada tanggapan untuk "Wewaler Bahasa Jawa by Aji Triono"
Posting Komentar